-->

3 Contoh Pidato Sambutan Ketua Panitia Bahasa Jawa + Bonus

- Oktober 21, 2020
EYZA BLOG - Pidato sambutan bahasa Jawa. Mengapa harus menggunakan bahasa Jawa? Tentunya, ini saya khususkan untuk teman-teman dari Jawa atau siapa saja yang ingin memberikan sambutan dalam bahasa Jawa. 

Jika teman-teman Eyza Blog akan memberikan sambutan dalam sebuah acara yang mana sebagian besar audiennya adalah berbahasa jawa, maka memberikan sambutan dalam bahasa Jawa akan memberikan kesan tersendiri. Suasana kekeluargaan, keakraban akan lebih terasa. Selain itu, menggunakan bahasa Jawa atau bahasa derah, adalah sebagai bentuk kebanggaan kita terhadapo bahasa daerah kita sendiri.

Namun meskipun demikian, tidak banyak orang yang menguasai bahasa Jawa dengan baik. Apalagi bahasa jawa halus atau bahasa Jawa dengan tingkatan kromo inggil. Nah, karena kurang menguasai bahasa Jawa dengan baik, tidak jarang orang-orang Jawa yang ada didaerah dan dalam acara skup daerah juga akhirnya menggunakan bahasa nasional sebagai bahasa dalam pidatonya.

Sebenarnya, itu tidak salah. Tapi, gak ada salahnya juga jika kita berusaha untuk membawakan pidato dalam bahasa Jawa agar lebih terasa nuansa kedaerahannya. Nah, untuk membantu teman-teman yang sedang belajar berpidanto dalam bahasa Jawa berikut saya share contoh naskah pidatonya.

3 Contoh Pidato Sambutan Dalam Bahasa Jawa

Berikut adalah 3 contoh sambutan ketuan panitia dalam bahasa Jawa yang bisa teman-teman jadikan referensi. Mungkin teman-teman merasa bahwa dalam tulisan ini kurang lengkap, karena tidak ada mukadimah dalam bahasa Arab. 

Hmmm.... untuk contoh-contoh mukadimah pidato dalam bahasa Arab sudah saya sediakan untuk teman-teman, bahakan sangat lengkap. Totalnya ada 21 contoh mukadimah pidato, mulai dari yang pendek sampai yang panjang, mulai dari yang sudah umum sampai yang super spesial. Silakan klik di sini.

Dalam postingan kali ini saya khususkan untuk memberikan contoh sambutan panitia dalam bahasa jawa. Berikut contoh-contohnya untuk teman-teman pembaca ezya blog.

Contoh Sambuta Ketua Panitia (Acara Bisa Disesuaikan)

Assalamu'alaikum.. Wr. Wb.

Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin, wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin sayyidina muhammadin, wa’ala alihi wa’ashabihi ajma’in, robbi srohli sodri wahsirli amri wahlul ukdatammi lisaani yafkohul kauli amma ba’du. 


Hadhorotil muhtaromin poro alim 'ulma" sesepoh bini sepoh agami engkang kawulo tenggo-tenggo fatwah soho mauidhoh hasanahipon.


Bapak Kepala desa soho sak stafipon engkang insya Alloh kito taati

Bapak Shohibul hajjah engkang kawulo hormati

Segenap panitia engkang kawulo hormati

Hadirin hadirot engkang kawulo mulyakaken


Sak derengengipon kawulo mator, punopo engkang dados tugas kawulo, langkung rumiyen monggo kito sareng-sareng tansyah muji syukur ing ngarso dalem Alloh SWT, engkang sampon maringi kenikmatan dumateng kito sedoyo, arupi nikmat iman,islam soho kesehatan, sahinggo kito sedoyo saget akrawuhi acara pengaosan ( tergantung apa acaranya) ing wedal siang ( untuk siang ) dalu (untuk malam) kanti keadaan iman islam soho sehat wal afiyat. mugi-mugi kanti ucapan syukor kolo wau kito dipon tambahi nikmatipun. amin allohumma amin.

Nomer   kalih ipun Sholawat soho salam monggo sareng-sareng kito aturaken dumateng junjungan kito nabi agung muhammad SAW kanti waosan Allohumma sholli 'ala Sayyidina muhammad wa ala alihi sayyidina muhammad. engkang sampon mbeto ajaran agami islam sangking jaman jahilliyah ngantos jaman sak meniko.mugi-mugi kanti waosan solawat kolo wau, mbenjang ing yaumil qiyyamat kito angsal syafaatipun lan kito di akeni dados umatipon amin allohumma amin

 
Nomer tigonipun Kawulo matursembah nuwon dumateng pembagi acara engkang sampon maringi wedal dumateng kawulo ingdalem acoro ing dalu/siang meniko.

Nomer sekawanipun. tengmriki kawulo kados engkang sampon dipun aturaken pembagi acara kolo wau kulo sebagai wakil saking ketua panitia ing dalaem acoro engkang kalampah ing dalu/siang puniko. Sebagai wakil ketua panita sepindah kawulo maturnuwon engkang katah dumateng bapak,ibuk lan sederek sedoyo engkang sampon angkrawuhi acoro ing siang puniko, nomer kalih ipun kawulo maturnuwon sanget dumateng bapak kepala desa soho sak perangkatipun engkang sampon maringi izin sekaligus sebagai pelindung ingdalem acoro ing siang puniko. Nomer tigo nipun matur sembahnuwon kawulo aturaken dumateng poro kawulo mudo engkang sampon ngabiantu sedoyo tenogo lan pikiranipun sahinggo acoro ing siang meniku saget kalampah kanti sae ing siang puniko. 

Nomer Sekawanipun, mboten kesupen ngucapaken matur sembah nuwon dumateng masyarakat desa........ engkang sampon maringi bantuan baik niku matrial maupun spirituil sahinggo accara ing siang puniko saget meriah kados ngoten.


Kawulo soho segenap panita mboten saget motor punopo-punopo dumateng semua pihak engkang sampun maringi bantuan baik spiritual atupun matrial, kejawi jazakumulloh, khoirul jazak. mugi-mugi batuan engkang sampon dipon paringaken dipun bales deneng Alloh SWT.  Kulo lan segenap panitia nyuwon pangapunten engkang katah mbok menawi ingdalaem pelaksanaan acara ing siang puniko mboten saget sempurno kados engkang sampon dipu7n rencanake, sedoyo puniko kranten keterbatasan kulo lan rencang-rencang sebagai mangungso lumrah.

Hdirin hadirot engkang kawulo mulyak ake,

Engkang terakhir, kawulo sebagai wakil panita dan pribadi nyuwon pangapunten engkang katah mbok bilih wonten klenta klentunipun kawulo mator. akhiril kalam 



Wassalamualaikum waroh matullohi wabarakoatu.

Contoh Sambuta Bahasa Jawa Wakil Ketua Panitia

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Untuk Muqoddimah dalam bahasa arab bisa menyesuaikan)

Dumateng pangarsanipun poro alim, poro kyai, para habaib, sesepuh pini sepuh ingkang satuhu dahat kinabekten, wabil akhos dumateng panjenenganipun Bapak Kyai .......... ingkang kito tenggo-tenggo punopo ingkang dados barokah ilmunipun lan barokah doanipun.

Dumateng sesepuh pini sepuh, kasepuahnipun agami ugi kasepuhanipun masyarakat ingkang boten saget kawulo sebat setunggal lan setunggalipun ingkang satuhu dahat kinormatan soho ingkang kito dereaken punopo ingkang dados perjuanganipun lan barokah ilmunipun.

Sak derengengipun kawulo matur aminangkani sesulih utawi wakil saking panitia, sepindah monggo langkung rumiyen kito sesarengan tansah nyahosaken rahos syukur kito sateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dateng kawulo soho panjenengan sami arupi kenikmatan sehat wal afiat soho kenimatan iman an islam sahinggo kito sedoyo saget hadhir wonten ing acara (misal : pengahosan umu dalam rangka Maulid Nabi Muhammad SAW) kanti sahe, mugi-mugi amaliyah kiti wonten ing kesempatan meniko tansah pikantuk ridho saking Allah SWT. Amin Allahumma Amin.

Ingkang kaping kalihipun Sholawat sarto salam mugi kunjuk dumateng junjugan kito Nabi Agung Muhammad  Rasulillah SAW, kanti pangajab mugi-mugi kito sedoyo, keluargi kito sedoyo tansah pikantuk syafaatipun, langkung-langkung syafa'atul 'Udzma benjang dinten qiyamah. Amin Allahumma Amin.

Ingkang kaping tiga kawulo ngadek wonten ngarso panjenengan sami inggih aminangkani wakil saking panitia matur dumateng panjengan sami :
Ingkang sepindah : ngaturaken matur sanget ingkang sak ageng-egngipun atas rawuh panjengan sami kanti ucapan AHLAN WA SAHLAN BI KHUDZURIKUM, awit kanti rawuh panjengan sami kegiatan wonten ing kesempatan meniko katingal syiar, sahinggo mugi-mugi tansah pikantuk Ridhanipun Allah SWT, Amin.

Ingkang kaping kalih : saking segnap panitia saestu ngaturaken matur nuwun sanget ingkang sak agengipun ugi dumateng para bapak, para ibu, sederek sedoyo ingkang sampun nyurahaken utawi ingakang sampun membantu kangge terlaksananipun kegiatan meniko, sahe saking material lan spiritual, saking harta bendanipu, pikiranipun, tenaganipun, lan sanes-sanesipun. Saestu  saking panitia ngaturaken matur suwun ingkang sak ageng-agengipun.

Saking panitia boten saget amangsulaken nopo ingkang dados kesahenan panjenengan ami, namung saget dedungo dateng ngarsanipun Allah SWT, mugi-mugi dados amalan ingkan maqbulan 'IndaALLAh, lan pikantuk piwales ingkang langkung sahe kanti iringan doa :
JAZAAKUMULLAHI KHOIROL JAZAK aw JAZAAKUMULLAHU BI AHSANAL JAZAK
Amin Allahumma Amin.

Ingkang kaping tiga : Saking panitia nyuwun pangampunten ingkang sak ageng-agengipun atas sedoyo kekirangan, kekhilafan lan sedoyo perkawis igkang kirang reno wontwn ing penggalih panjenengan sami. anggenipun nampi panjenengan sami lan anggenipun panitia ngawontenaken kegiatan meniko, saking panitia sampun semaksimal mungkin anggenipun berusaha supados kegiatan meniko terlaksana kanti sahe, peramilo sepindah maleh  saking segenap poanitia nyuwun agungipun pangapaunten.

Ingkang terakhir : kawulo aminangkani sesulih utawi wakil saking panitia mbok bilih anggen kwulo matur wonten ngarso panjenengan sami wonten klinta klintunipun kawulo nyuwun agunging pangapunten.

Ing wusono kulo akhiri.
Ihdinasshirathal Mustaqim, Al 'Afwu Minkum, 
Assalamu'alaikum Wr. Wb.

  Contoh Sambuta Panitia Bahasa Jawa Acara Serah Terima Penganten

Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawula nuwung, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, Mugi Rahayuha sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan pan jengengan sadaya. 

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, denen kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempi kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamastuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sarina saking panjenenganipun bapa/ibu..(besan), kula kadhawuhan nglarapaken puta calon temanteng kakung, mugi katur panjenenganipun bapak/ibu.(ingkang mengku gati).

Penjenenganipun bapa. (ingkang nampi) ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking penjenenganipun bapa/ibu..ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan. 

Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjengengan bapa/ibu boten segad hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun bapa/ibu. Ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih ngaturaken salam taklim mugi katura ing pangjengengan Bapa/ibu.., ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmanging asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra maharga siwi, tetepa winengku ing suka basuki. 

Jangkep kapin kalih, rehning putra calon temanten kakung pun bagus atmaja kakung saking Bapa/ibu .. ingkang pidalem ing.sampun kelampahan ijab/dhaup suci kalyan Rara kenya siwi saking panjenenganipun bapaibu kala wau diten surya kapingwanci tabuh mapan ing dalemmriki kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa. 

Sarehning sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing . Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun atut runtut ayem tentrem rahayu ingkang tinuju bagya mulya ingkang sinedya. 
Denen ingkang wekasan sasampunipun paripurmaning pahargyan kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenganyuwun pamit saha nyuwun pangestu mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi hambok bilih anggen kawula mingaka talanging basa wonten gonyak-ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. 

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayat
Wassalamualaikum Wr. Wb.

 Bonus : Pidato Bahasa Jawa Acara Maulid Nabi Muhammad SAW

Yup batul, yang ini bukan sambutan panitia ya. Tapi semacam pidato umum dalam acara Maulid Nabi. Nah, contoh pidato ini mungkin bisa diaplikasikan untuk siapa saja yang akan memberikan sambutan dalam acara maulid nabi. Termasuk ketua panitia, selain memberikan sambutan sebagai ketua panitia yang berisi ucapan terima kasih, juga bisa mengambil sebagian dari pidato ini untuk disisipkan dalam pidanto sambutannya.

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo ingkang kulo hormati!

Monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho manjataken rahos syukur Alhamdulillah dateng ngarsanipun allah SWT. dene menopo Alloh sampun paring hidayah, inayah, rohmat lan keni’matan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo sehingga kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten ing puniko majlis kanti sehat wal ‘afiyat.

Poro rawuh ing saat meniko monggo kito niat ibadah dateng Alloh, niat ta’dzim utawi hormat dinten kelahiranipun junjunngan kito Nabi Agung Muhammad, salah setunggalipun Nabi pemimpin umat, Nabi ingkang sanggup bade paring syafa’at, boten pandang sugih utawi melarat, boten pandang rakyat utawi pejabat, sami ugi wonten ing dunyo utawi akherat, mugi-mugi kulo panjenengan benjang saget angsal rohmat lan syafa’at, saking panjenenganipun benjang ing dinten kiamat. Amin.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Junjungan kito Nabi Muhammad SAW. meniko salah setunggalipun Nabi ingkang nggadahi sifat kemanusiaan ingkang paling sempurno. Dene ingkang paling menonjol sifatipun Kanjeng Nabi wonten kalangan manungso inggih puniko sifat kejujuranipun soho akhlakipun ingkang mulyo ngantos Kanjeng Nabi terkenal wonten kalangan tiyang Arab dipun sebut Al-Amin, tegesipun tiyang ingkang saget dipercoyo, ugi Alloh piyambak ngakoni mulyonipun akhlakipun kanjaeng Nabi dipun sebat wonten al-Qur’an surah al-Qolam ayat sekawan:

 Ingkang artosipu

“Lan sak temene siro iku bener-bener netepi pekerti kanga agung”

Poro Bapak poro Ibu ingkang minulyo!

Keranten akhlak ingkang mulyo lan agung, Kanjeng Nabi saget membangun mental Bangsa Arab saking zaman jahiliyyah menuju zaman Islamiyyah, kito sampun ma’lum wonten kitab-kitab tarikh utawi sejarah Islam, bilih sa’derengipun Kanjeng Nabi lahir dipun watani zaman jahiliyyah, zaman kebodohan, Bangsa Arab wonten zaman niku dereng mengenal sinten Pengeran ingkang berhak disembah, tiyang-tiyang katah ingkang nyembah kayu, watu, nyembah braholo, omben-ombenan arak, maen judi, kertu, remi lan sa’ piturutipun, meniko sampun terbiasa, keranten dereng mengenal kebenaran lan kesesatan, dereng mengenal halal lan harom.

Pancene menawi dipun ma’nani, “maen” niku ma’nane “maunya enak”, tapi emoh kangelan, lumuh nyambut gawe, semanten ugi “judi”, ma’nane “sing maju dadi”, dadi nopo? Dadi wong mlarat. Bangkrut. Semanten ugi “kertu” “duit ning sengker dadi metu” asale panen dodol gabah, duit kebek nang jeroneng sak.

Bareng silo, nyandak kertu, akhire duit sing disengker malah dadi metu. Semanten ugi “remi” ma’nane “njareme lami” tiyang remi niku nek menang ngotot golek musuh. Bareng kalah, njareme lami, suwe. Mulane Kanjeng Nabi terus dipun lahiraken wonten ing tengah-tengah kebobrokan mental bangsa Arab supados nyempurnakaken akhlak utawi budi pekerti. Kanjeng Nabi pun dawuh:

(إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الْأَخْلاَقِ. (رواه أحمد

Ingkang Artosipun

“Sa’ temene ingsun diutus supoyo nyampurnakake budi pekerti”

Poro bapak poro Ibu ingkang kulo hormati!

Agengipun pengaruh kemulyaan akhlak Kanjeng Nabi sehinggo syi’ar kejayaan Islam mboten namung terbatas wonten kalang tiyang Arab mawon tapi terus meluas berkembang ngantos seluruh dunia. Pancen keutusipun Kanjeng Nabi meniko mboten khusus wonten negeri Arab mawon tapi dateng seluruh alam, Alloh dawuh wonten Al-Qur’an Surah Al-Anbiya’ ayat satus pitu:

 Ingkang Artosipun

“Lan Ingsun ora ngutus siro (Muhammad) kejobo aweh rohmat maring wong sa’ alam donyo.

Poro rawuh ingkang minulyo!

Dados kautusipun Kanjeng Nabi meniko merata dateng sedoyo tiang sa’ alam donyo. Mugi-mugi kito mbenjang sageto angsal syafa’atipun benjang dinten qiyamat.

Kintenipun cekap semanten uraian singkat tentang Maulid Nabi ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun nyuwun pangapunten.

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Direkomendasikan


Show EmoticonHide Emoticon

 

Start typing and press Enter to search